Rabu, 29 Agustus 2012

Ramalan Zodiak Hari ini

 
>


Ini dia Ramalan Bintang Hari ini (Java Version)

1. Pirgo - Pengggawean sing cocok: dodhol blewah karo jengkol.
Keuangan: dedel duwel.
Asmara: golek sing rodho beneh lan waras.

2. Akuwarius - Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek.
Keuangan: nyilah-nyilih tonggo wae.
Asmara: Sedelok engkas jomblo, dikepret calon mertuwo.

3. Piskes - Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon.
Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan keplek.
Asmara: bolak balik ditolak mertuwo.

4. Ariyes - Penggawean sing cocok: ngedusi wedhus, mbecak.
Keuangan: kakehan utang, tombok terus.
Asmara: benakno disik raimu.

5. Tawurus - Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus, dodhol kersen.
Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat.
Asmara: gak payu2, ganti pelet e ae.

6. Gemini - Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot.
Keuangan: ngedoli warisan mertuwo.
Asmara: gak jelas sir2an e lanang wedok, mbuh sing endi.

7. Kanser - Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik.
Keuangan: sekarat, atene bangkrut.
Asmara: gak ono sing gelem, modal tipis dompet ngapret.

8. Leyo - Penggawean sing cocok: nyableki bokonge bakul jamu.
Keuangan : ribet, gak gablek duwik.
Asmara: ati2 bakal kepelet karo dukun tekok Tempik Gundul (Tempat Piknik Gunung Kidul).

9. Libra - Penggawean sing cocok: ngorek2 larahan nek gak dadi tukang golek beling.
Keuangan: gak becus golek duwik.
Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam ngelus2 gundule wong tekok Ngawi.

10. Sekorpio - Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo.
Keuangan: podo mlarate, dikuras copet.
Asmara: duwe sir2an nggrik2en..

11. Sagitariyus - Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto.
Keuangan: bojomu purik njaluk mulih nang mertuwo.
Asmara: ditempilingi ae karo bojo mu, jajal lungo takon karo Dukun Ponari.

12. Kaprikorn - Penggawean sing cocok: Dagang krupuk juweni.
Keuangan: Nguwatirno, waspada deb kolektor!
Asmara: hambar, pacar mu njaluk berlian, ajuuur.

Tidak ada komentar:
Write comments